Proyek Bahasa Jawa - Geguritan

Nama : Dini Fitriani Pertiwi
Kelas : XB





SEKOLAHKU MAYOGA

Saben esuk umun-umun
Lakuku tumuju ing gapuramu
Dalan seng tak lewati
Tetep dalan iki

Nanging bun sing aku pidhak
Dudu bun seng wingi
Kahanane
Ora kaya wingi
Kadang mendung ,Kadang udan
Kadang rak karuan

Nanging  semangatku
Rak beda
Kanggo golek bekal gawe gegayuhan iki

Kanca-kanca
Seng aku tresnani
Pada nyapa aku
Esemane
Katon sumringah
Gawe ati iki
Seneng lan bungah

Wit-witane
Keton ijo royo-royo
Gawe atiku ayem lan tentrem

Guru –gurune isih guru wingi
kang welas asih paring ilmu
Nanging mundhak dina
Ana wae ilmu sing diparengake

Sarana lan piranti liyane
wis cumepak ing kono
nyukupi kubutuhanku
anggonku golek ilmu

kegiatane kang cumawis
cukup gawe repot
anggonku mbagi wektu
awit kudu ngaji lan sinau

nanging kabeh mau
kanggo nglatih kaprigelanku
saya suwe saya abot
kabeh ilmu kudu kamot

ananging
pikiranku mung pas-pasan
dak kiro ora duwe linuwih opo-opo
prihatin lan prihatin banget

Dhuh Gusti
Mugi padhuka paring kekiatan
Dhateng badan kula
Saha manah kula

Ewo semana
Aku duwe rasa marem
Dadi siswa ing kene
Siswa MAN 3 NGAYOGYAKARTA





~MATUR NUWUN~


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS

1 Response to "Proyek Bahasa Jawa - Geguritan"

  1. ubertaradeke says:
    5 Maret 2022 pukul 10.04

    FORD EDWIN TRIBE AT WI. | TIX - TiN Digital Arts
    ‎Ford edge titanium for sale at www.titanium-arts.com, › › Ford edge titanium for sale at www.titanium-arts.com, › › Ford edge titanium for sale at www.titanium-arts.com, › Ford edge titanium for sale at titanium flat iron www.titanium-arts.com, › › titanium damascus Ford edge titanium 2016 ford focus titanium for sale at www.titanium-arts.com, › Ford edge titanium for sale at samsung titanium watch www.titanium-arts.com, titanium prices › Ford edge titanium for sale at www.titanium-arts.com, › Ford edge titanium for sale at www.titanium-arts.com, › For

Posting Komentar

Copyright 2009 FREEDOM
Free WordPress Themes designed by EZwpthemes
Converted by Theme Craft
Powered by Free Website Templates
Free Website templateswww.seodesign.usFree Flash TemplatesRiad In FezFree joomla templatesAgence Web MarocMusic Videos OnlineFree Wordpress Themeswww.freethemes4all.comFree Blog TemplatesLast NewsFree CMS TemplatesFree CSS TemplatesSoccer Videos OnlineFree Wordpress ThemesFree CSS Templates Dreamweaver